CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART I

===============================================

DONGA NGUSIR KUNTILANAK

Donga go ngusir setan Kuntilanak
pas dong malam jum’at. pas agi bali tes solat ngisa nang mesjid Hamid (6 tahun) hamid bali lewat karangan suwung, di adang setan
KUNTILANAK. Hamid bingung piwe 
carane engusir kuntilanak,soale hamid nembe belajar siji donga, tapi hamid yakin nek donga kue ampuh go ngusir kuntilanak,


karo gugup di waca nang hamid dongane karo deweke prandang prinding. ..



“BISMILLAAHIRROHMAANIRROHIIM.
ALLOHUMMAA BAARIKLANAA
FIIMAA ROZAKTANAA WAAKINAA ‘ADZAA BANNAAR. AAMIIN”


si Kuntilanak Keweden, hamid seneng deweke ngomong "jiannn ora di sangka ora di duga ternyata donga sing diwei kiyaine manjur,,"
Kuntilanak langsung ngacir karo ngomong
“kampret!!!, seumur2 dadi kuntilanak,nembe kie arep di pangan bocah cilik ???%&@=+-*//


Ha ha ha ha
===============================================================================



KOPI KUCING

Slamet dolan nang umaeh Faisol diwei kopi., Jerene kopine enak raetung., soale Faisol gelem kopi sing di wekena., Slamet akhire nyruput kopine soale penasaran rasane.,

Slamet: "gieh kopi apa sih., koh rasane mandan kecut?"

Faisol : "gueh kopi istimewa., arep pada karo kopi luwak sing larang kaeh."
Slamet : "Woo kaya gueh ya ., kopi apa jenenge?"
Faisol: "Kopi kucing., nyonk gawe dewek..."
Slamet : "apa iya koh jenenge kopi kucing?"
Faisol : "Soale diolah lewat kucing., kopi luwak kopine dipangan luwak disit seurunge diolah., kopi kucing kie dipangan kucing seurunge diolah dadi kopi bubuk.,
Nyonk terinspirasi karo kopi luwak., cuma men gampang nyonk gawe sekang kucing bae."

Slamet : "Kucing apa bhelan kopi sih, Sol?"
Faisol : "Sebenere ya ora., kopine tek uleg mandan kasar., terus tek campur gesek., wis kaya gueh tek empakna kucing.,"

Slamet wetenge wis mulaih mandan mules.,
Slamet : "Terus kepriwe prosese Sol?"
Faisol : "Kopine kan mentu bareng tai kucing., runtukan kopine disaring., dikumbah terus dijemur sampe garing,. terus digiling maning sampe lembut., Lah kie kebetulan koe sing pertama nyoba kopi kucing., wong ya urung ana sing tek weih kopi kucing gieh., nyonk dewek arep nyoba koh ya ora kolu.., 
Ya ngapa Met., rasane?"
Slamet: "Azem, asem koe sol ...,!!! Gieh udu kopi kucing., Sol., tapi nek gieh ya tai kucing jenenge.,!"

=================================================================================

JURAGAN BALONG

Ana juragan balong jenenge bawor ngadakna sayembara.,
"Sapa bae sing wani nyegur meng balongku., bakal ulih hadiah Montor." jere bawore.,

Akeh wong sing ngumpul ndeleng sayembarane., tapi ora ana sing wani nyegur nang balonge. Masalaeh balonge gue isine udu iwak tapi baya thok,,

Karena ora ana sing wani nyegur., hadiaeh diganti dhadhi mobil kijang anyar., Tapi tetep bae ora ana sing wani nyegur karena mrinding werui bayane gede2 karo mangap-mangap kabeh.,

Akhire karo bawore hadiaeh ditambah maning., mobil kijang anyar kambi umah se isine., Tapi tetep bae ora ana sing wani nyegur., 
wis mandan sepi meneng kabeh., ijig2 tarwone nyegur meng balong,
keburrrrrrrrr
Penontone keprok2 kabeh weruh tarwo gelut gelut karo baya., Kira2 wis se jam., akhire tarwone tampil dadi pemenang., 
Cuma ya gueh., awake dhedhel dhuel.,
Wis mari lih ambekan., bawore marani arep nyerahna hadiaeh., 
tapi tarwone nolak.,
"Ya wis tek tambaih duit limangatus juta" jere bawore., tapi tarwone tetep nolak.,
"Tek tambaih mas sekilo" jere bawore maning, tarwone tetep ora gelem.
"Wis kaya gieh bae., koe njaluk apa bae., tek turuti" jere bawore ora gelem kalah.
"nyonk njaluk wong sing njorogna nyonk mau digawa ngeneh" jere tarwone.,
=================================================================================

KABAR AKTUAL !!

mbengi-mbengi jam loroan Richard telpon usro !!
Richard : "hallo... sro.."
usro : "hmm... na pa wengi2 telfon?
wayaeh wong turu, wis lagi ngimpi kiye
miki, ana apa jane??"
richard : "sory sro.. aku kur rep takon"
usro : "takon apa?? aja akeh2, rep tek
terusna ngimpine kiyeh.."
richard : "ko wis ngantuk apa urung?"
usro : "oo... semprul..!! ganggu bae..!!"
tut... tut.. tut...

(1 menit kemudian)
richard : "halo... sro.."
usro : "apa?? kurang gawean temen
gangguni wong turu..!!"
richard : "eh.. kalem sro... aku duwe kabar kiye"
usro : "kabar apa?"
richard : "kabar aktual sro... pokoke koe bakal kaget nek krungu.."
usro : "lha ya kabar apa???"
richard : "kabar bahwa siki wis wengi, wayaeh wong turu.."
usro : "oo.. wedhus koe pancen...!!!"
tut... tut.. tut...
=================================================================================

NGINUM BENSIN

Pengendara motor: "Mas., premiume 5 liter bae".,
Petugas SPBU: "Tangki motore bapak paling mukur mot 4 liter thok.,"
Pengendara motor: "sing 1 litere maning di bungkus bae mas karo kresek.,"
Petugas SPBU: "ora sekalian di inum nangkene bae , Pak!".,
Pengendara motor: ckckckckckckckck
Pengendara motore esmosi retung pengen mbales dendam.,
Akhire.,
Pengendara motor: "mas bensin selitere regane pira".,??
Petugas SPBU: " regane 5.500 pak selitere.,
Pengendara motor : " lah nek setetes sih pira mas regane".,
Petugas SPBU : " Gratis Pak".,
Pengendara motor : " yawis mas di isi setetes demi setetes bae mas tekan penuh ya".,
Petugas SPBU: ckckckckckck
=================================================================================

MENIKAH MENJADI LAJANG

Putune : ni! ninine.,! kakine ninggal !! Karo nangis2 putune.,
ninine : kapan gueh tu. . .putu??
Putune : nembe miki ni., tiba sekan wit toge., ayuh ni meng umah aja nang discotik bae., keluargane wis pada kumpul., ayuh cepetan ni.,!
ninine : mengko disit lah pu. .putu., ninine nyilih HPne koe disit ngeneh put.,
Putune : arep telpon meng sapa sih ni., ??
ninine : ya ora arep ngo telfon, cuma ninine arep mbukak Fb disit ya.,
Putune : arep ngapa ni mbukaki fb mbarang agi berduka kaya gieh koh.,
ninine : Hmmm., anu lah Tu., nininee pengen ganti status dari MENIKAH menjadi LAJANG.,
Putune : mewek.,
Wkwkwkwk

0 Response to "CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART I"

Posting Komentar