CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART III

==============================================

JUDULE TEBAKAN MANING

Mas ogut : Heh, Lek
Gon...timbang nglamun iki aku
nduwe bethke'an anyar meneh..
darno : Opo meneh....
Mas Ogut : Kowe ngerti
karepe upacara temu manten
kae, gene kok ndadak nganggo
ditemukke barang? Gogon
Joss : opo yow...nganu,
supayane mantene gathuk, lan
temu rasane, nyawiji antarane
lanang lan wadon..
Mas Ogut : Wah, yo pinter
jebule....!t
Darno : Wong kene kok,...
Mas Ogut : Lha iki


terusane....manten kae kokt
ditimbang dipangku bapak'e,
karepe piye iku njal?
Darno : karepe, manten iku
podo abote, ora ono bedane
anak'e karo mantune, ngono...
Mas Ogut : We lha, isonan
jebule...!!!t
Darno : Lho piye to?ku kan
wis tau nglakoni...nk kowe kan
durung tau, mulane takon
Mas Ogut : Ngece ik....
Darno : Wis takon opo
meneh?
Mas Ogut : Lha terus Kacar
kucur kae opo maksude?
Darno : Wong lanang aweh
guno, koyo nafkah marang
wong wadon, biso ngayani,
ngayomi lan ngayemi.
Mas Ogut : Wah...jan pinter
tenan kowe,Lek Gon....
Darno : Aku ki mboh kok....
Mas Ogut : Iki sing terakhir,
geneyo manten kok terus
mangan sego punar?
Darno : Mantene kroso luwe,
terus mangan, ha...ha..ha....
Mas Ogut : Wooo....Iki jelas
nk ngawur, kumat....
Darno : Mulakno ndang rabi,
ora usah takon - takon wae
Mas Ogut :He..he..he..!!!!!
=================================================================================

makanan yg tak terlupakan

inyong gep nyenengena bojo
lah
rekane gep tek jak madang
neng njaba alias neng
warung..
BPK : yuh pada madang
neng njaba karo ngemutena
gemiyene dong egin pacaran
mak
IBU : ya mayuh mas... apa
rika duwe duwit sih..
BPK : ya duwe yuah.. gyeh
akeh mbok duwitku mbi
nidokena ewone akeh nemen
IBU : iza lah aku ngandel
pak njuh mangkat
BPK : tek ngetokena pit
dipit bu..
SETEKANE MARING
WARUNG TUJUANE AQ
KARO BOJOKU NDEPROK
NENG WARUNG SING
PANCEN ANU LESEHAN
BPK : mas aku pesen ayam
goreng karo tahu tempe
IBU : kula tah lele mawon
mas
bakul : karo segane apa ora
pak bu..?
BPK : ya segane mbarang
yuah ujarmu aku kucing apa
kon nyokoti iwak ayame thok
bakul : seh jaku pak kayong
abane mesra temen rika
yuah..
bakul : niki pak bu..?
pesenane
BPK : ana paru mas
IBU : ana mendoane apa ora
mas..
bakul : nggih wonten pak
bu..
ABANE GOLI MANGAN
THEKOR ORA ETUNG
BOJOKU YA TEK PRENTAH
NAMBAH MBARANG..
TP AQ MADAN KRASA ANA
SING BEDA NENG KATHOKE
AQ
DENENG ORA NGGANJEL..
NJUR TEK GRAMAK
DUH,,,!
AQ DENENG ORA NGGAWA
DOMPET WARAH
API API PEDE BAE KARO
NAHAN GEMUYU SING ORA
KETULUNGAN..
BOJOKU YA NGASIH KESUH
NDARANI ANU MADANG DE
GUYU MALAH NGASIH
SALAH TINGKAH GOLI
NGEPLOK
IBU : nangapa sih pak
deneng gemuyu baen.. apa
manganku lucu.. mas
mendoane loro maning
BPK : ora bu.. sing alon bae
nambah bu..
IBU : ana apa koh pak aq
dadi isin tolih..
BPK : aq kelalen ora
nggawa dompet bu..?
xixixixixixi aja bisik ya bu ko
kene bae aq tek bali njukut dompet dipit..
IBU : ?????????%*???###@@@@***%%%?!!!

=================================================================================

MBEDAKNA SAPI


Ana wong lanang loro jenenge Suyit Karo Yitno., sing agi pada angon sapi bareng2., kambi nungguni sapi-sapine wong loro gueh pada klekaran nang suketan., wong loro gueh akhire pada dhopokan nang ngisor wit cambah.,
Suyit : Hmmm., nek di pandeng2 sekang ngarep., sapine kita koh ora ana bedane yah.,?
Yitno : tapi iya luh., wah bahaya ya mengko malah bisa ketuker gieh jiandt.,
Suyit : nyonk due ide..!! Kepriwe nek koe kethok bae sebelah kuping sapine.,? Dadi kita bisa mbedakna.,
Yitno : Idene koe jiandt top retung lah pokoke.,!!

Akhire wong loro gueh ngethok sebelah kuping sapine dueke Yitno.,
Suyit : Wah..., akhire., sapine kita ora bakal bisa ketuker.,
Yitno: Bener.., Tapi mengko disit....., nek sekang mburi koh tetap pada bae yah.,?
Suyit: Benar juga ya., dadi kepriwe gieh kudune.,?
Yitno: kaya gie bae., karena sapine nyonk wis di kethok kupinge., kepriwe nek siki sapine koe sing di kethok buntute.,?
Suyit: Oke lah nyonk setuju.,!!
Terus wong loro gueh akhire ngethok buntut sapine dueke Suyit.,
Suyit: Nah., akhire sapine kita bener2 ora bakal bisa ketuker lah siki.,
Yitno: Iya., Eh mengko disit, kepriwe nek siki kita tes disit., kaeh, ana bocah SD lewat., nek bocah SD bae bisa mbedakna., apamaning kita sing wis pada tua., ya mbhok.,?
Suyit: Bener juga koe ya., Ayuh kita celuk bocah kae.,
Suyit: cah., bisa pa ora koe mbedakna sapi loro gueh.,?
Bocah SD : banget bisa lah wa., sing siji warnane putih., sing siji maning warnane coklat.,!!
Suyit : o ya ya.. . nang warnane y beda kang Yitno ?!
Yitno : La siki priwe giye? nek sing beda warnane?
La nek wis beda warnane nang ngapa sapine dikethok buntut karo kupinge??
owalah kang kang.. .

Konten terkait : CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART I CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART II CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART III Part IV

0 Response to "CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART III"

Posting Komentar