CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART II



Plesiran Meng Jepang

Seminggu nang Jepang ramane karo biyunge akhire nemu restoran masakan Indonesia.,
Pelayane Robot. Robote teka marani ramane., trus ngomong:
“What is your nationality?”robote takon.
“Indonesia,” jere ramane.
“Selamat datang,” jere robot nganggo bahasa Indonesia.
“Apa bahasa suku Anda?” robot takon maning.,
“Jawa,” jere ramane
“Sugeng siang. Badhé pesen nopo?” jere robote nganggo boso jowo.
“Canggih ya bu?” ramane ngomong karo Biyunge.
Biyunge : “ana lotek?”
Robot : “ana.”
Biyunge : “Pesen rong porsi.”
Robot: “Porsi gede apa cilik?”
Biyunge : “Porsi gede.”
Robot : “Lomboke pira?”
Biyunge : “Sing siji loro, sing siji sepuluh.”
Robot : “Nganggo kangkung?”
Biyunge : “Ya.”
Robot : “Nganggo timun?”
Biyunge : “Ya.”
Robot : “Nganggo kol?”
Biyunge : “Ya.”
Robot : “Nganggo kol jawa apa kol asli Jepang?”
Ramane : “Sing endi bae lah manut!”, ramane wis mandan kesuh.
Robot : “Kacange diuleg apa diblender?”
Ramane : “sakarepmu!”
Robot : “Kacange setengah mateng apa mateng?”
Ramane : “Goréng sing gariiiiiiing..!!”
Robot : “Nganggo bawang goreng apa ora?”
Ramane : “Nganggo…, asem ya!!” ramane mulaih banter banget.
Robot : “Dipiring apa dipencok?”
Ramane : “Dipiring !”
Robot : “Lengane nganggo margarin apa minyak kelapa?”
Ramane : “Jelantah… wedhus!! !” kesuhe ora itung soale wis sepuluh menit.

Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip kayane lagi diproses. Kira-kira telung menitan robot’é ngomong meneh:

Robot : “Maturnuwun. Pesenan tek trima. Tapi ora bisa di jujugna…”
Ramane : “Nangapa? Enyong wis ngenteni suwe raetung, tanya-jawab karo kowe, koh ora bisa nangapa si bot?”, jere ramane emosi.
Robot : “Soale urung ana asem karo wedhuse…”
Ramane : “tai garing…bisa gemblung nyong! Ayo bu lunga, ora usah mangan nang kene !!!”, ramane emosi tingkat kelurahan dela maning ya tekan kecamatan kayane luh… 
hua hua ha ha gak gak. . .,
=================================================================================

BALAS DENDAM

Arep maring sawah Rikun pethukan karo Ratno

Rikun: Ngapa kowe esih esuk wis mlaku-mlaku karo kethek kucel?
Ratno: Ooo dasar picek, sing tek tuntun kiye jenenge wedhus duduk kethek!!
Rikun: Lah aku ora takon rika.. Sing tek takoni pancen weduse !!
Ratno: Ooo awas kowe ya!

Bali kang sawah wong loro pethukan maning Ujuk-ujuk Ratno ngentut mak dut.. Rikun pecucuan..
Rikun: Kunyuk dobol !!.. Ngentut sembarangan! *Rikun arep semaput saking bacine entute Ratno.
Ratno: Siki kowe tek takoni, ngentut kuwe apik apa ora?
Rikun: Ya genah ora apik *karo nutupi irung
Ratno: Lah mulane tek buwang..
Rikun: Lah misale apik kepriwe?
Ratno: ya kowe tek wei entutku nyahhh!..
Rikun: ooooooo Dasar !!!!*Jawabe karo mutah-mutah
=================================================================================

Mbukak indra ke enam

Kiye tek wei carane mbukak indra keenam men isa weruh jin,setan,genderuwo,kuntilanak lan liya2ne..
1. Apalna mantra kiye '' NATES AYAK UKIAR''
2. Nggawa kaca pengilon
3. Tirakat utawane puasa nang tempat sing angkerr..kuburan,karangan suwung,penembahan..lan liyane.

Carane !!
Pas jam 12 mbengi kowe semedi nang tempat angker, terus diwaca mantrane !
esih kemutan kan??! ''NATES AYAK UKIAR'' ping telu,karo ngaca nang pengilon..(sapa ngerti setane keton)
nek urung keton kowe maca mantrane tambah seru ping telu maning(karo ngaca nang pengilon)
.
nek urung weruh setan juga,coba maca mantrane sing seruuu banget !!!
tapi siki maca mantrane diwalik kang mburi mengarep, aja klalen karo melet2 nang kaca pengilon..
Semoga berhasil
=================================================================================

STATUS KEWAN NANG FB

Perkiraan nek kewan pada bisa nyetatus nang facebook kayane pada gawe kaya giye !!
-Kecoa: asyik ora sida kepenyak/ kepidek, yess..!!
-Sapi: aku agi diremed-remed nang majikanku..!!
-Ayam: kanca batirku, mbekayu lan kakang kabeh nek aku ngesuk wis ra ap det berarti aku wis digoreng, love U all..!!
-Cumi: giye aku bar ngisi tinta ...
-Babi: aku difitnah nang wong lagi gara-gara aku nyebarna virus maning, sialan..!!!
-Kambing: heh kanca batirku kabeh, aja mentu ngumah ya, siki lagi idul adha.. 
hmmm ketheke mengendi ya..?!! 
oww ya kelalen, lagi macani statuse batirku ya.. .
ha ha

3 Responses to "CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART II"

  1. ora ngapak, ora kepenak!! jere wong cilacap ya..
    wkwkwkwk!!

    BalasHapus
  2. pancen bener!! ora ngapak, ora kepenak!! jere wong cilacap ya..
    wkwkwkwk!!

    BalasHapus