CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART IV

NINI KAMBI PUTU

Crita neng ngisor kiye minangka piwulang kanggo Nini-nini kudu sabar ngadhepi putune sing crigis takooon bae.
PUTU : "Ni..., Ninine agi ngapa si...?".
NINI : "Ninine agi nggolet janur klapa...".
PUTU : "Janur nggo ngapa si Ni..?"
NINI : "Nggo gawe kupat, Kuluuup..!".
PUTU : "Njutan kupate nggo ngapa Ni...?".
NINI : "Ya nggo depangan, nggo madhang mengko..!".
PUTU : "Ooh, MENGKO..?. Lha SIKI Ninine si agi ngapa...?".
NINI : "Ngarah janur klapa. Grrhhh...!".
PUTU : "Nggo ngapa?".
NINI : "Nggo gawe kupat. Miki Ninine wis ngomong mbokan..?".
PUTU : "Kupat si nggo ngapa Ni..?".
NINI : "Ya nggo depangan lah.... Apa enggane nggo kramas..?".
PUTU : "Oh, ayakuwe ya, Ni....?.
NINI : "Iya... Wis, siki Ko dolan bae nganah. Aja ngrubesi Ninine bae..!".
PUTU : "Kenangapa si...?".
NINI :"Ninine agi nyambetgawe".
PUTU : "Nyambetgawe ngapa si Ni..?".
NINI : "Ngarah janur klapa. Miki wis deomongna mbokaaan...???!!!".
PUTU : "Janur klapa si nggo ngapa..?".
NINI : "Nggo gawe KUPAAAAT!!!".
PUTU : "Ninine si agi ngomong kambi sapa?".
NINI : "Ya kambi Ko lah..!".
PUTU : "Kenangapa dadak nggero-nggero?. Inyong mbokan neng pereke Ninine..?".
NINI : "Merga Ko ora paham-paham. Apa enggane ora weruh apa Ninine agi nyambetgawe...?".
PUTU : "Ooh. Nyambetgawe apa si Ni..?".
NINI : "Arrrrrghhhhhhhh!!! NGGOLET JANUR KLAPAAAA...!".
PUTU : "Janur klapa nggo ngapa...?".
NINI : "Ya Alloohh... putune inyong kiye. Nggo depangaaan...!".
PUTU : "Neng ngumah ana beras mbokan Ni..?. Kenangapa deneng Ninine agepan mangan janur klapa...?".
NINI : "Putune Ninine sing paling nggantheng... Ari ketungkul ngladheni Ko tah malah olihe 'stroke' temenan. Lewih apike, siki ko lunga bae nganah, jorna Ninine neng ngkene agepan nyambetgawe. Aja ngrubesi yaaa...?".
PUTU : "Deneng olih stroke?! Sing bener jane Ninine agi nggolet janur klapa, apa nggolet stroke?. Jane stroke si apa Ni..?. Apa wernane uga kuning kaya janur klapa..?".
NINI : "Adhuuuh..., sirahe inyong dadi bengel pisan kiyehhh...!".
PUTU : "Ari nggolet janur klapa marekna sirahe bengel, kenangapa Ninine tegin nggolet mayan...?".
NINI : "CUKUP..!!!. AJA TAKON MANING..!!!. APIKE KO SIKI GEGEN BALI NGUMAH..!!!. GAGEAAAN..!!!".
PUTU : "Iya, Ni. Ninine ora melu bali sisan...?".
NINI : "Ora...!. Ninine agi nyambetgawe...!".
PUTU : "Nyambetgawe apa si Ni...?".
NINI : "Nggolet janur klapaaaaa...!".
PUTU : "Nggo ngapa si Ni...?".
GEDHUBRAAAGG...!!!
Ninine wis ora teyeng semaur maning, sekal njundal njekatang ngathang2 terus nggeblag semaput merga prenyakit strok-e kumat...
Hé...hé...hé...
=================================================================================

EDAN BANDHA

Si Kamijah pancen edan bandha. Saben kenal bocah lanang, sing detakokna dhimin mesthi bandhane...
KAMIJAH : "Usahane apa Kang...?".
LANANG : "Lah, mung ngelola selipan pari loro, kambi nggarap sawah limang hektar. Sapine ari mung selawe ya ana...!".
Kamijah mesem bungah, merga cocog kambi karepe.
KAMIJAH : "Umah ya brarti duwe ya Kang...?".
LANANG : "Duwe neng patang nggon thok koh...!".
KAMIJAH : "Lha kendharaane apa Kang...?".
LANANG : "Mung Sedan Corolla siji, Kijang siji, Trak loro banjutan Angkudhese nem...!".
(si Kamijah mbatin : "Kiye tah calon bojo sing maen temenan...!".)
KAMIJAH : "Udud apa ora Kang...?".
LANANG : "Inyong paling ora seneng dhuwit nggo mubahan... Decelengi bae si genah...!".
Si Kamijah sengsaya bungah. Ora sabar, takon maning : "Duwe kesenengan apa Kang...?".
LANANG : "Nglomboni wong...!".
GEDHUBRAAAGGG...!!!
(si Kamijah sekal tiba kejengkang ngathang-ngathang karo ngomong mencret aku kang..)
He...he...he...
=================================================================================

LUNGA MENG SALON

Kaki Suyit mlebu meng sebuah salon tata rambut berkelas sing pertama kaline., ndilalah kaki Suyit ora ngerti cara karo langkah-langkahe potong rambut., ngadapi sambutan para pelayan sing sangat antusias., kaki Suyit khawatir mbok sampe deweke diremehna terus keilangan raine.,
Salon: "kumbah disit rambute rika meng tingkat 2.,"
Suyit: (manut bae) "Oke.,"
Seuwise di kumbah rambute.,
Salon: "rika mesti wonge khecingan.,"
Suyit: "hus Sembarangan koe., nyonk gueh wanian., apa buktine nek nyonk khecingan.,"
Salon: "lah gueh sih ngendi2 karo uwane.,"
Suyit: "huh digilmu. . ., malah ngeyek koe yah., mentang2 nyonk wis tua pa akeh uwane.,"
(kaki suyit mandan emosi)
Salon: "kalem bae ki., makane nek pengen ora di omong khecing kepriwe nek siki disemir bae rambute rika dadi ireng.,?"
Suyit ya manut bae.,
Seuwise rambute disemir ireng.,
Salon : "gueh kan rika dadi kaya wong nom maning., lah siki rika arep potong rambut model apa.,?"
Suyit: "Gundul bae., mas.,"

1 Response to "CERITA LAWAKAN ASLI CILACAP BANYUMAS DAN SEKITARNYA PART IV"